PIDATO PERPISAHAN
Ingkang
kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMP N 3 Maju mundur , Bapak - Ibu Guru lan
karyawan ingkang satuhu luhuring budi, ugi Bapak-ibu wali murid wali murid lan
tamu undangan, saha kanca-kanca kelas 7,8,9 ingkang kula tresnani.
Monggo
kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha
Agung, ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kula lan
panjenengan sedoyo dumugi sakmeniko kula lan panjenengan sedaya saged kempal
wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Ingkang
saklajengipun, kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang
sampun rawuh dateng penggenan menika. kawula wonten dipunmriki kagem
makili kanca-kanca kelas IX , teng acara
pegengan menika, kagem ngantosaken ngendikan sekedhik salebetipun kula ugi kanca-kanca wonten ing SMP menika.
Para rawuh
ingkang kinurmatan,
Mboten
keraos kula lan kanca sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kula kiyambak tuhu kanca- kanca
nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang
warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula lan sak kanca mebo menawi
gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak
/ Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kula lan kanca-kanca
Para rawuh ingkang kinurmatan,
kula
minangka wakil siswa-siswi kelas IX
ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin
katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken
sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken dangunipun tigang warsa.
Para
Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan
nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula
sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan candhakipun.
Makaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas VII ugi kelas VIII saged kasil ngangsu
kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae ugi lajeng ndamel prestasi ingkang
langkung kathah .
Kadosipun
sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun
agenging pangapunten.
Billahitaufik
wal hidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.