Rabu, 11 Februari 2015

contoh pidato perpisahan bahasa jawa



 PIDATO PERPISAHAN
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMP N 3 Maju mundur , Bapak - Ibu Guru lan karyawan ingkang satuhu luhuring budi, ugi Bapak-ibu wali murid wali murid lan tamu undangan, saha kanca-kanca kelas 7,8,9 ingkang kula tresnani.
Monggo kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung, ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kula lan panjenengan sedoyo dumugi sakmeniko kula lan panjenengan sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Ingkang saklajengipun, kula ngucapaken matur suwun sanget dhumateng para rawuh ingkang sampun rawuh dateng penggenan menika. kawula wonten dipunmriki kagem makili  kanca-kanca kelas IX , teng acara pegengan menika, kagem ngantosaken ngendikan sekedhik salebetipun kula ugi  kanca-kanca wonten ing SMP menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mboten keraos kula lan kanca sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kula kiyambak tuhu kanca- kanca nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula lan sak kanca mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kula lan kanca-kanca
Para rawuh ingkang kinurmatan,
kula minangka wakil siswa-siswi  kelas IX ngaturaken gunggunging panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan tuwin katresnan Bapak/Ibu guru nggulawentah para siswa pramila saged ngerampungaken sedoyo ilmu ingkang sampun kaparingaken dangunipun tigang warsa.
Para Bapak/Ibu guru lan para rawuh, ing wekdal punika kula sakanca nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan candhakipun. Makaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas VII ugi kelas VIII saged kasil ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae ugi lajeng ndamel prestasi ingkang langkung kathah .
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Billahitaufik wal hidayah, wassalamu’alaikum wr.wb.