Pangantènan
Adat Jawa
Upacara pengantenan adat Jawa
iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan
tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan
antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu ing
kraton.
Padatan, rantaman inti upacara
diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning
kaluwarga saking pengantèn kakung.
Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:
1. Siraman
Siraman kawiwitan calon penganten
dipun sirami dening kulawarga ingkang sampun palakrama utawi ingkang
dipun sepuhaken. Toya kangge siraman dipun pendhet saking pitung sumber
toya kadosta toya saking Guwa Maria saindenging Pulo Jawa, lan saking
Bali, ingkang dipun jangkepi sekar setaman. Acara siraman iku
sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa
calon pengantèn.
Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul
lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan
omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep
omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua
calon mantèn banjur sedulur
liyané uga kalebu pemaes.
2. Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara
iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi
lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh
nasihat.
Rerangken
acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah, kadhang ana sing
dibarengaké karo acara peningsetan
lan srah-srahan.
3. Srah-Srahan
Srah-srahan
iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké
uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan.
Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik,
jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling
penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati
upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.
4. Ijab Kabul
Ijab kabul
yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan karo pengantèn
putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.
5. Upacara Panggih
Sarampunge
acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang
mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak
omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu
(panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji
dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan
Sungkeman.
6. Upacara Balangan Suruh
Upacara
balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané
pengantèn kakung lan putri.
7. Upacara Wiji Dadi
Penganten
kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki
sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka
prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.
8. Pupuk
Ibu pengantèn
putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa
manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
9. Sinduran
Lumampah
alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron
wis tinampa dadi kulawarga.
10. Timbang
Pinangantèn
sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang
katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.
11. Dhékorasi
Dhékorasi dipasang wonten ing
dhaleme sing duwe gawe, wernané wonten kathah.
12. Dhahar Klimah
Pengantèn
kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep
urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
13. Mertui
Wong tuwane
pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan
bebarengan tindak menyang acara resepsi.
14. Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem
nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.
15. Kendurèn / Resèpsi
Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara
pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawa walimahan.
Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti
acarane yaiku ijab kabul
wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn
nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga
kabeh sing teka ing acara iki.
16. Masang Tarub
Masang tarub gumantung wonten
dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.
17. Pemaes
Upacara
paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan
ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.
18. Uga Pirsani
Ningali calon pengantèn putri
ing griya tiyang sepuhipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar